Filosopi kopi

*NGOPI*.....Rumiyiiiin

*KOPI*  iku tegese *(Kopyor Pikirane),*
mulo kopi iku rasane *Pait.*
Nanging sak pait-paite kopi.. isih iso digawe
*LEGI* ( Legowo ning ati ) / berlapang dada hatinya
Carane kudu ditambahi *GULO*  (Gulangane Roso)/ Mengelola perasaan baik
Sing asale soko
*TEBU* (anteb ning kalbu) / mantab hatinya
Banjur diwadahi
*CANGKIR*  (Nyancangne piKIR). Menguatkan pikiran
Trus di siram
*WEDANG* (wejangan sing marahi padang) / Nasehat yg menentramkan hati
ojo lali di *UDHEG*
(Usahane ojo nganti  mandeg )/Usaha jangan sampai berhenti
Anggone  ngudheg nganggo *SENDOK"* ( Sendhekno marang sing nduwe kautaman)/ Pasrahkan pada Yang Maha Kuasa
Dienteni ben rodo
*ADEM* ( Ati digowo lerem ) / Hati jadi tenang
Bar kui diombe
*SERUPUT*  (Sedoyo Rubedo bakal luput) / Semua godaan akan terhindar

Meniko falsafahipun *KOPI* _Sugeng sore ,,,, sederekk

Comments

Popular posts from this blog

Cerita dibalik Doa Akasah

Kosa kata bahasa Jawa yang sangat kaya

Cara mensikapi bencana alam