Hebatnya orang jawa

*WONG INDONESIA KUWI HEBAT!!!* 👍

Mangan *TONG SENG* wetenge yo ora opo2...

Mangan *SEGO KUCING* yo doyan...

Wong Semarang mangan *GANJEL REL...*

Wong Palembang mangan *KAPAL SELAM...*

Wong Bali biasa mangan *SAYUR PAKU...*

Bocah2 SD wis kulina mangan *MOLEN...*

Meh kabeh wong Indonesia yo wis tau mangan *BANGKU SEKOLAHAN* ben pinter jarene...Nyatane yo podho selamet lan makmur uripe... 

Wong Jowo *MANGAN BETON* yo sehat2 wae wetenge...

Ngombe kopi karo teh dicampur *GULO PASIR* yo sik sehat kok...

malah ono sing nganggo *GULO BATU...*

Sing mangan *KETOPRAK* yo ono...

Mangan *BAKSO GRANAT* lan *BAKSO RUDAL* yo eco mawon...

Mangan *KACANG ATOM* yo sehat... ora mbledhos koyo Hiroshima Nagasaki...

*OSENG2 MERCON* yo podho doyan...

*PUTRI SALJU* yo diemplok...

*RONDO ROYAL, TEMPE KEMUL*  yo enak ae... ora opo2...

*SAMBEL SETAN*
*Rawon Setan*
*Mie setan*
kabeh jatahe _setan_ dipangan...
nganti setane yo bingung... arep mangan nganggo sambele sopo...

Cah cilik2 dho  seneng mangan  *KEMBANG GULO lan ENDOK CECAK...* mulo cecak e podho mumet ora nduwe cemilan maneh...

Dho seneng mangan *PERMEN KARET* nyatane isih tetep podho sehat kabeh... Ora opo2...

Saking rakuse, *LIDAH KUCING* ya kolu.

*KUPING GAJAH* dinggo camilan.

*BALUNG KUWUK* ya tedhas.

Mugo2 seger kewarasan kabeh ...

😂😂😂

Comments

Popular posts from this blog

Cerita dibalik Doa Akasah

Kosa kata bahasa Jawa yang sangat kaya

Cara mensikapi bencana alam