Buntut kualik

Kethèk :* " Zan aku arep takok ojo nesu yo....??"

Tarzan : " Arep takok opo nyuk...??"

Kethèk : " Tapi ojo tersinggung lho yo Zan..??

Tarzan :  "Ora ...,ndang arep takon opo...cepet ta ??"

Kethèk : " Nganu Zan ..,,, aku karo kowé kan wis koncoan suwiii banget dadi ora ono rahasia2 nan..., lak ngono Zan ??"

Tarzan ;  " Iyo nyuk...!!! terus sing arep mbok takokné masalah opo to kok mbulet aé....???'

Kethèk : " Aq karo konco2 liané ora nganggo kathok,..... hla kowé kok nganggo kathok déwé ..., jan-jané ono rahasia opo to.. sing mbok tutupi ki...??"

Tarzan : " Ora ono...!!! "

Kethèk : " Halah Zan ngakuo aé Zan, ono rahasia opo ta sak' jané ???"

Tarzan : " Ora ono yo ora ono nyuukk ..!!!" (Karo mbentak kethèk..,)

Akhiré si Kethèk meneng ra wani takon nèh .......

Ringkesé crito ..., kethèk duwé ide nglumpukné konco2né arep di jak nylidiki sing dadi rahasiané Tarzan...,

Pas Tarzan lagi adus, kethèk sak konco ngindik singitan....,
Terus pas Tarzan wis nyopot katok'é trus adus byarrr byurr nang kali....

Sak'naliko kethèk sak konco ngguyu cekaka'an karo jempalikan nang ngisoré wit gedhang....!!

" Ooooo ...hla tiba'é ...jebul buntut e kwalikkkk.....

Comments

Popular posts from this blog

Cerita dibalik Doa Akasah

Kosa kata bahasa Jawa yang sangat kaya

Cara mensikapi bencana alam