Padu karo bojo

Alkisah...
Sawijining dina...
Dodo (nama samaran, bocah mbayat, nama asli: WP), ngobrol karo bojone neng teras omah..

Bojo: "Mas, aku pengin latihan renang, oleh ta ?!!"

Dodo: "Arep nggo apa?! Wis tuwa ndadak pethakilan pengin renang barang.."

Bojo : "Ben langsing to Mas, kaya jaman isih prawan ndhisik..☺!"

Dodo : "Haalaah, iwak paus kae sing saben dina renang  ya tetep gendut...!!".

Bojo: "Huhhhhh..!!"😁😁😁
😝😝😜

Telung minggu sak uwise...
Dodo : " Jeng, wiwit saiki aku arep mangan buah2an sing akeh.
             Sesuk tukokna neng pasar ya...!!"

Bojo : "Tumben doyan buah2an, arep nggo apa to mas..?"

Dodo : "Ben sehat to jeng, seger lan ganteng koyo jaman nom2an dhisik.  Kan kowe yo melu bangga...!"

Bojo : "Alaah Mas, munyuk kae saben dina  mangan buah2an, rupane yo tetep elek...😏

😄😀😀
Dodo atine gela di munyuk munyukne....
Sawijine dina Minggu Dodo ngeterke bojone blanja.

Dodo : "Jeng blanja kok sayur thok... Lha daginge endi"
Bojo : " Aku arep diet rendah kalori mas, akeh porsi sayure..ben langsing☺"
Dodo : " Jare sapa ta jeng...., sayur marakke kuru...???
Sapi karo kebo kae saben dina mung dipakani suket ijo...., malah lemu ginuk ginuk."😡😡😡
😀😄😃🙏

Comments

Popular posts from this blog

Cerita dibalik Doa Akasah

Kosa kata bahasa Jawa yang sangat kaya

Cara mensikapi bencana alam